Minggu, 14 Desember 2014

>>> Lirik Lagu Didi Kempot

PIRING PECAH

Piring sing pecah ilang separo
sayang sayang kok koyo ngono
sigar dadi loro, durung dadi bojo
opo pancen, pancene durung jodho 

Piring sing pecah gari belinge
eman eman kok dadi ngene
natoni atiku iki , perih rasane
sing tak roso suwene nganti seprene

Piring Piring pecah wes ra biso kanggo ada
tresnane wes kutah durung nganti omah omah
Piring Piring pecah sing gawe larane manah
tak rewangi ngalah paribasan nganti nyembah

Kamis, 11 Desember 2014

>> Lirik Lagu Didi Kempot


LILO


opo uwes ra kelingan

sumpah janjimu mung marang aku

sineksen lintang rembulan

jarene tresnamu mung kanggo aku


wes nganti telong ketigo

nanging sliramu ora kirim warto

bareng saiki wes teko

kowe malah ngandeng priyo liyo


ora nyono ora ngiro

kowe medhot talineng asmoro

tresnaku sing tulus suci

ra mbok jogo malah mbok blenjani


opo pancen wes nasibku

kudu pisahan karo sliramu

pancen abot jroning ati

nanging aku ra biso menehi

 

wes nganti telong ketigo

nanging sliramu ora kirim warto

bareng saiki wes teko

kowe malah ngandeng priyo liyo


opo uwes ra kelingan

sumpah janjimu mung marang aku

sineksen lintang rembulan

jarene tresnamu mung kanggo aku


ora nyono ora ngiro

kowe medhot talineng asmoro

tresnaku sing tulus suci

ra mbok jogo malah mbok blenjani


opo pancen wes nasibku

kudu pisahan karo sliramu

pancen abot jroning ati

nanging aku ra biso menehi

 

 

 


>> Lirik lagu Didi kempot


KASMARAN


Yen arep crita karo sapa
yen ora crita kok tambah nelongso
kok soyo suwe koyo ngene rasane
sedina dina gur nakoni wae...

Yen ora sambat wis ra kuat
arep jaluk tulung
bingung le ku nanggung
tekan sok kapan iso mendem iki
kasmaran kenya tan kepati pati...

Tindak tanduke kalem ra di gawe
larane sembe gregetake...

Yo ben mung ngimpi ora popo
yen ati iki iso dadi lega
deweke teka lan kanda yen tresna
piye piye aku pasrah lan lilo...

Yen arep crita karo sapa
yen ora crita kok tambah nelongso
kok soyo suwe koyo ngene rasane
sedina dina gur nakoni wae...

Yen ora sambat wis ra kuat
arep jaluk tulung
bingung le ku nanggung
tekan sok kapan iso mendem iki
kasmaran kenya tan kepati pati...

Tindak tanduke kalem ra di gawe
larane sembe gregetake...

Yo ben mung ngimpi ora popo
yen ati iki iso dadi lega
deweke teka lan kanda yen tresna
piye piye aku pasrah lan lilo...

>> Lirik lagu  Didi Kempot

 

SEWU KUTHO

 

Sewu kutho uwes tak liwati

sewu ati tak takoni

nanging kabeh ra podo ngerteni

lungamu neng ngendi


pirang tahun anggonku ngenteni

seprene durung biso nemoni


wes tak coba nglalekake

jenengmu soko atiku

saktenane aku ora ngapusi

iseh tresno sliramu


umpamane kowe uwes mulyo

lilo aku lilo

yow mung siji dadi panyuwunku

aku pengen ketemu


senadyan sak kedeping moto

tak ngo tombo kangen njroning dodo

 

wes tak coba nglalekake

jenengmu soko atiku

saktenane aku ora ngapusi

iseh tresno sliramu


umpamane kowe uwes mulyo

lilo aku lilo

yow mung siji dadi panyuwunku

aku pengen ketemu


senadyan sak kedeping moto

tak ngo tombo kangen njroning dodo

 


 

 


>>  Lirik lagu Didi Kempot


TULUNG MENTHUNG


Wes ditulung malah menthung

Wes tak angkat malah bumet

opo pancen wes nasibku

pisahan karo sliramu

uwes uwes uwes sakkarepmu


Kebangeten tho uripmu

kowe lali karo aku

mbok eling sing semono

mbiyen kowe kuwi sopo

uwes uwes uwes sakkarepmu


Umpomo barang 

mbiyen koe rongsokan

rusak takdandani

reget sithik tak resikki


nanging sakiki awakmu malah lali

tegone atimu natoni aku iki

yen ngono carane aku tak urip dewe